Rabu, 09 November 2016

GUYON MATON


SEKOLAHANKU

 

Ning kene aku bakal nyritaake panggonan-panggonan sing ana ing sekolahanku.

Ning sekolahan, iyooooooo...... iki pancen sekolahanku sing nduweni pnggonan kang endah, lan nyaman. Ning sekolahan konco-konco podho betah kabeh, saben dino mulihe mesti ngluwihi jam mulih asline.

Nanging ing sekolah iki ana salah sawijini panggonan sing menurutku kurang................(kurang opo??)

yo pokoke kuranglah, emboh kurang ngene kurang ngono.

panggonan iku mesti rame sabe ngaso, wes nggone cilik, panas, lan mesti uyel-uyelan. Ndek kono aku mesti sing dadi korban...............(korban opo?)............. korban opo anggitmu?... korban demek-demekan wong lanang lan saben menyang kantin clonoku mesti suwek, kenek opo anggitmu?? ...... kenek paku ing njengat ing pojokan meja.

Rabu, 17 Agustus 2016

KAHURIPAN ING NDESO

Kahuripan ing deso kang hawane ayem tentrem lan ora rame koyo ing kutho, agawe rani betah lan emoh pindah ing kutho. Rani ing deso urip karo bapa, ibu, adek, lan simbahe. Rani sekolah ana ing SMA 1, dheweke saiki wes kelas 3 SMA. Rani nduwe bapa kang kerjane polisi, lan ibune ibu rumah tangga.                                                  
Saben dinane rani mesti tangi isuk-isuk, dhweke nglakoni shalat subuh, nyapu-nyapu latar, adus, sarapan lan budhal menyang sekolah. Rani budhal menyang sekolah dhewe numpak sepedha motor, nangin pas bapane lagi ing omah, rani diterake bapane.
Sawise teko sekolahan rani mlebu kelas, lan melu pelajaran sampe mari. Rani mulih teko sekolah jam 2.30 WIB. Rani mulih menyang omah, moro-moro ban ne rani bocor pas ana ing dalannan sing sepi lan jarang wong liwat. Rani arep telfon bapane nanging ing dalan iku mau ora ana sinyal. Banjur rani nuntun sepdha motore sing bocor kuwi mau sampe ana tukan tambal ban. Akhire rani ngwasi pinggir dalan kuwi mau ana tukang tambal ban .
Rani nambal ban ing panggon kuwi mau. Bapa lan ibune rani padha bingung, ora biasane rani mulih sore gak pamit. Rani dhewe yo wedi yen bapa lan ibune bingung goleki rani. Banjur bapa lan ibune telfon. Hp ne rani muni kring………kring……….kring, banjur rani ngangkat telpon kuwi mau. Bapane  takok yen rani saiki ing ngendi.. banjur rani njelasne yen ban sepedhane kuwi mau bocor banjur dheweke nuntun.
Rani ngenteni kira-kira 30 menit. Sawise sepedhane mari, rani banjur nerusake mulih menyang omah. Lan salaman marang bapa ibu lan simbahe. rani banjur salin, adus, lan shalat ashar.
Suara bedug ana ing masjid etan omahe wes muni, nandaake yen wayahe shalat maghrib. Rani shalat maghrib ing masjid bareng-bareng karo bapa, ibu, simbah lan adhine. Sakwise shalat maghrib rani sinau bareng adhine ing kamare. Rani sinau nganti jam 9 bengi. Sakwise sinau rani lan kaluwargane ngumpul ana ing ruang kaluwarga. Bapane ngomong yen arep ditugasake ing luar pulau jawa. Nanging bapane ngejak kaluwargane melu pindah menyang luar jawa. Bapane ugo nawarake menyang rani, kepriye yen rani sekolahe dipindah?,,,

Rani bingung kudu jawab piye… banjur rani nggolek alasan yen konco-koncone ing kene wes podho akrab kabeh, lan ora pengen pisah. Rani  ngomong yen dheweke wes kelas 3 SMA, bariki dheweke ndang lulus sekolah, dadi dheweke kudu focus menyang sekolahe, lan orang mikir sak liyane.
Rani ngomong menyang bapane yen dheweke panggah urip ing ndeso ae karo simbahe. Akhire bapane rani setuju karo omongane rani kuwi mau. Sajujure ing atine rani luweh seneng urip ing ndeso sing ayem tentrem, hawane yo adhem akeh wiwitan ini sakitare.
Bapa ibu lan adhine rani wes budhal menyang luar jawa. Saiki rani ing ndeso urip wong 2 karo simbahe. Saben ulan rani nerimo kiriman saka bapane.